Dino iku ono 7 ( pitu) : maksute PITU ugo bisa kanggo PITUTUR, PITUDUH, PITULANGAN, PITUNGKAS.
1. SENEN: tegese ojok bosen marang unen-unen ( unen-unen wong jowo seng kang bisa kanggo tuntunan marang kauripan).
2. SELOSO: selakno ngamal marang sopo-sopo ( wong ngamal iku ora pilih-pilih, ora pandang wonge sopo).
3. REBO: karepo sinau ben ora bodho ( mumpung isih urip ditlateni anggone luru ilmu, mergo ngaji iku penting, ojo sing penting ngaji).
4. KEMIS: luwih becik mingkem tinimbang lamis ( ojo podho ngumbar omongan kelawan wong liyo, luwih-luwih ngrasani tonggo).
5. JUM'AT: jumbuhno lelakon karo kekarepan / niat ( yen nduwe niat/cita-cita kudu usaha ikhtiar dungo supoyo kekarepane biso kaleksanan)
6. SABTU: insap-po marang barang seng wes kewetu ( sak bejo bejane wong ngedan, isih luwih bejo wong kang eling kelawan waspadho).
7. MINGGU: minggiro barang seng olo, lakonono barang seng rahayu ( sing apik ayo podho dilakoni).
@Group Pesantren
0 komentar:
Posting Komentar